Bedane Tukang game lan Tukang nggamel lan tukang damel rujak kuwe apa? Lah niku gampil mang sampeyan kari ndeleng bae apa cekelane. Tukang game nyekele Joystick, Tukang nggame-lan cekelane kenong utawa kerene drumstick, nek tukang damel rujak cekelane muthu. harakata.. gampang mbok?
Nepangaken blog niki namine tukang nggamelan, amargi kula senenge cekelan kenut. ya kepriwen maning genah kaya kiye nasibe dadi tukang nggame, kabeh mau gumantung ming dalange. ana sing ngarani jenis blog kaya kie kuwe blog dummy, padahal ya ora dummy nemen. nggawene ya karo mikir ujar-ujare ra duwe utek?
Pigunane blog cadangan kaya mangkene kuwe multi fungsi, yakui kanggo ngakehi backlink, kapindho kanggo ngadang-ngadhangi jeneng kang manfangat, kena kanggo gawe gela uwong sing kemlecer pengin duwe jenengan blog kie. kan lumayan dari pada lumanyun.